JOAN JOAN GERALD

Rabu, 05 Mei 2010

Serat Jangka Jayabaya - II

# Anak mangan bapak---Anak makan bapak.
# Sedulur mangan sedulur---Saudara makan saudara.
# Kanca dadi mungsuh---Kawan menjadi lawan.
# Guru disatru---Guru dimusuhi.
# Tangga padha curiga---Tetangga saling curiga.
# Kana-kene saya angkara murka --- Angkara murka semakin menjadi-jadi.
# Sing weruh kebubuhan---Barangsiapa tahu terkena beban.
# Sing ora weruh ketutuh---Sedang yang tak tahu disalahkan.
# Besuk yen ana peperangan---Kelak jika terjadi perang.
# Teka saka wetan, kulon, kidul lan lor---Datang dari timur, barat, selatan, dan utara.
# Akeh wong becik saya sengsara--- Banyak orang baik makin sengsara.
# Wong jahat saya seneng--- Sedang yang jahat makin bahagia.
# Wektu iku akeh dhandhang diunekake kuntul--- Ketika itu burung gagak dibilang bangau.
# Wong salah dianggep bener---Orang salah dipandang benar.
# Pengkhianat nikmat---Pengkhianat nikmat.
# Durjana saya sempurna--- Durjana semakin sempurna.
# Wong jahat munggah pangkat--- Orang jahat naik pangkat.
# Wong lugu kebelenggu--- Orang yang lugu dibelenggu.
# Wong mulya dikunjara--- Orang yang mulia dipenjara.
# Sing curang garang--- Yang curang berkuasa.
# Sing jujur kojur--- Yang jujur sengsara.
# Pedagang akeh sing keplarang--- Pedagang banyak yang tenggelam.
# Wong main akeh sing ndadi---Penjudi banyak merajalela.
# Akeh barang haram---Banyak barang haram.
# Akeh anak haram---Banyak anak haram.
# Wong wadon nglamar wong lanang---Perempuan melamar laki-laki.
# Wong lanang ngasorake drajate dhewe---Laki-laki memperhina derajat sendiri.
# Akeh barang-barang mlebu luang---Banyak barang terbuang-buang.
# Akeh wong kaliren lan wuda---Banyak orang lapar dan telanjang.
# Wong tuku ngglenik sing dodol---Pembeli membujuk penjual.
# Sing dodol akal okol---Si penjual bermain siasat.
# Wong golek pangan kaya gabah diinteri---Mencari rizki ibarat gabah ditampi.
# Sing kebat kliwat---Yang tangkas lepas.
# Sing telah sambat---Yang terlanjur menggerutu.
# Sing gedhe kesasar---Yang besar tersasar.
# Sing cilik kepleset---Yang kecil terpeleset.
# Sing anggak ketunggak---Yang congkak terbentur.
# Sing wedi mati---Yang takut mati.
# Sing nekat mbrekat---Yang nekat mendapat berkat.
# Sing jerih ketindhih---Yang hati kecil tertindih
# Sing ngawur makmur---Yang ngawur makmur
# Sing ngati-ati ngrintih---Yang berhati-hati merintih.
# Sing ngedan keduman---Yang main gila menerima bagian.
# Sing waras nggagas---Yang sehat pikiran berpikir.
# Wong tani ditaleni---Orang (yang) bertani diikat.
# Wong dora ura-ura---Orang (yang) bohong berdendang.
# Ratu ora netepi janji, musna panguwasane---Raja ingkar janji, hilang wibawanya.
# Bupati dadi rakyat---Pegawai tinggi menjadi rakyat.
# Wong cilik dadi priyayi---Rakyat kecil jadi priyayi.
# Sing mendele dadi gedhe---Yang curang jadi besar.
# Sing jujur kojur---Yang jujur celaka.
# Akeh omah ing ndhuwur jaran---Banyak rumah di punggung kuda.
# Wong mangan wong---Orang makan sesamanya.
# Anak lali bapak---Anak lupa bapa.
# Wong tuwa lali tuwane---Orang tua lupa ketuaan mereka.
# Pedagang adol barang saya laris---Jualan pedagang semakin laris.
# Bandhane saya ludhes---Namun harta mereka makin habis.
# Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan---Banyak orang mati lapar di samping makanan.
# Akeh wong nyekel bandha nanging uripe sangsara---Banyak orang berharta tapi hidup sengsara.
# Sing edan bisa dandan---Yang gila bisa bersolek.
# Sing bengkong bisa nggalang gedhong---Si bengkok membangun mahligai.
# Wong waras lan adil uripe nggrantes lan kepencil---Yang waras dan adil hidup merana dan tersisih.
# Ana peperangan ing njero---Terjadi perang di dalam.
# Timbul amarga para pangkat akeh sing padha salah paham---Terjadi karena para pembesar banyak salah faham.
# Durjana saya ngambra-ambra---Kejahatan makin merajalela.
# Penjahat saya tambah---Penjahat makin banyak.
# Wong apik saya sengsara---Yang baik makin sengsara.
# Akeh wong mati jalaran saka peperangan---Banyak orang mati karena perang.
# Kebingungan lan kobongan---Karena bingung dan kebakaran.


Bersambung ............

Tidak ada komentar:

Posting Komentar